Curhat koyo ngene oleh kan...?
Kedadean sedina mari tekan Tulungagung pase 9 maret wingi,,pas lagi leyeh2 ning dipan ngarep ngomah,,,ono wong kulonuwun mari montore diparkir. Yo tak sauri trus tak ampiri lan tak takoni ono opo pak? Deweke langsung ngenalaken yen soko alumni Unej (areke wis brengosen ngono, katone umur 35an) trus lagi ono kegiatan kanggo perumahan kene, karepe pengen ketemu bapak,,yo tak sauri yen bapak lagi nggak ning ndalem,,yo wis lek ngono ketemu karo aku wae. Yo tak bukakno pager trus awake dewe ngobrol2 ning teras ngarep. Mulai deh deweke nawarno obate,,,namanya kalo g salah,,minyak zaitun deh..!
Mari ngono langsung dipraktekne minyake ning dlamakan sikilku nganggo "ilmu" pijat refleksi lengkap karo gagang kayu sing ngakune soko sungute kidang. Pinter tenan yen carane ngomong n ndulek2 dlamakan sikil,,jarene,,,mas,,sampeyan kurang ngombe banyu putih,,saiki kesel kan..? trus crito,,sampeyan,,yen "berhubungan" ojo sampe ping pindo,,mengko mesthi kuesel banget

,,en artikel2 kesehatan koyo sing wis tau tak tompo soko imel2...dll.
Ujunge2,,,langsung pasang harga yen minyake sak botol itu regane 150ewu,,,yooo aku langsung nolak wae yen ra nduwe duit semono,,trus di nego,,wis to kanggo sampeyan cukup seket ewu wae,,tetep aq emoh2 lha wong pancen ora percoyo koq. Akhire wonge ngancam yen sampeyan kan wis diurut/pijat refleksi yo ngajeni laaah,,,mosok nggak tuku siih...? Aq tetep enteng semaur,,looh,,sopo sing ngongkon mijet,,lha wong ujug2 sampeyan sing nawani koq!
Deweke akhire putus asa koyone,,trus ngomong macem2 sing nggak enak lah...! aq yo wis arepe esmosi juga,,tapi aah,,ben wae lah sakarepe deweke ngoceh macem2.
Mari wonge muleh,,,aq ngguyu ngakak karo mbahku sing nunggoni ugo,,,lan lagi nyadar,,,ternyata bakul jamu jaman saiki wis bener2 jemput bola,,ora koyo mbiyen,,sing mung ning pinggir2 dalan karo nggowo toa...! Maklum,,wis suwe ra muleh ning Tulungagung,,lha sik sedino ning jowo koq langsung disuguhi koyo ngono,,wis ngono nggowo2 jeneng Unej barang,,,,huahaha,,,,!
Sorry dowo banget critone...tapi pancene kekel dewe aq yen eling wonge ngomong yen ojo ping pindho "berhubungan" mengko mesthi kesel....batinku,,,yo mesti wae kesel no pak,,,dikirone aq ra tau ngerasakne opo...?
Suwe ra weruh jowo akeh tenang perubahane..!